RSS
Facebook
Twitter

Senin, 21 Januari 2013

tembang-tembang macapat


Tembang-tembang macapat
09 januari 2013
Oleh mu’amar zainudin
1.maskumambang
Watake : nelongso
Kelek kelek biyung siro eneng ngendi
Enggal tulungono
Awakku kecemplung warih
Gelgepan wus meh pejah
2.pucung
watake : kendo
Ngelmu iku,kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setyo budyo pangekere durhangkoro
3.gambuh
Watake : rumaket/kulino
Sekar gambuh ping catur
Kang cinaturpolah kang kalantur
Tanpo tutur katulo-tulo katali
Kadaluwarso katutuh
Kapatuh pan dadi awon


4.megatruh
Watake : sedih/kingkin
Yen wowohan,enak mentah iku timun
Enak mateng iku kweni
Manggis enak blibaripun
Pelem enak mateng ati
Salak enak rodo bosok
5.mijil
Watake: wedharing rasa
Pomo kaki podho dipun eling
Ing pitutur ingong
Siro ugo satriyo arane
Kudu anteng jatmiko ing budi
Ruruh serto wasis
Samubarangipun
6.kinanti
Watake: seneng /asih
Mider ingrate angelangut
Lelana njajah negari
Mubeng tepining samodro
Sumengka aggraning wukir
Anelasak wonowaso
Tumurun ing jurang trebis


7.durma
Watake : galak ,mantep
Paman-paman apa wartane ing ndalan
Ing dalan keh pepati
Mati kena opo
Mati pinedhang ligan
Ing jojo terusing gigir
Akari rogo
Badan kari gumlintang
8.pangkur
Watake : sereng
Sekar pangkur kang winarno
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ano olo becik puniku
Prayogo kawaruhono
Adat waton puniko dipun kadalu
Miwah ingkang toto kromo
Den kaesthi siyang ratri
9.asmorodono
Watake : prihatin
Pomo-pomo wekas mami
Anak putu ojo leno
Ojo katungkul uripe
Lan ojo duwe kareman
Marang pepaes donyo
Siang dalu dipun emut
yen urip manggih antoko
10.sinom
Watake : grapyak pantes
Singro kang bolo tuminggal
Acampuh sami medali
Lir thathit wileding gondo
Dhanyang gung manguncang niti
Benjang sangaji mijil
Lathinyo medali wuwus
Thrustho suro wilogo
Koyo buto singo wergild
Pasthi jonggo dhendhonyo
Mangambak boyo
11.dhandanggulo
Watake : luwes resep
Dadi,bocah sinauo titi
Ngati-ati nastiti wruh toto
Taberi kalawan titen
Gati marang pitutur
Mantep tetep sedyo ing kardi
Sedyoo kang cinipto
Pinikiran bentur
Wong lecek cidro lan karto
Kontrang kantring keplantrang kapuntir-puntir
Tinitah tanpo arto

0 komentar:

Posting Komentar

  • Unordered List

  • More Text